<< Puisi Lintang Singidan  >>

Lintang Singidan

E-mail Cetak PDF

LINTANG SINGIDAN

Lintang-lintang sesingidan
mendung kasaput angin
ngremet pangarep-arep
adoh saka tumus
karep njola kabuncang adoh ing kana
ananging ati
kekes amarga pager winates
ngoboki ati
apa isih ana
sisa
dwija kang kukuh nyawiji raos
mbangun siwi tanpa hawa
aywa kongsi tidha-tidha
sanajan kabuncang
maruta
kapiluting ndhut
gegekana budaya tulus
pepetrinen aja nganti kagawa angin
petanana siji-siji
rasuken
sebaren ing anak putu
gegegana budaya tulus
aja lena
bawana wus tanpa wates
ndhisikana
aja gela katiwasan
anakku
dohnong adoh
watak candhala
budi angkara

Joomlart